GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI
TRI MONGSO KARMA
Lelakoning urip kang tinompotumibo ngenani awake dewe
sawernane kang aran begjo lan ciloko
iku mung soko pakertine dewe
ateges uwohe opo kang wus ditandur
soko deweké bali ning awaké
mung mangsane bae kang ora cetho
awit mangsane nandur nganti mangsane uwoh
kapan lan koyo opo
Laku becik pikolehe kabegjanlaku ala pikolehe ciloko
iku tegese panggaweh lan uwohe panggaweh
kaaran karma
yoiku sebab lan akibat utowo tumimbal balek
Sing diarani becik iku aweh piguno marang liyandene agawe pitunaning liyan iku kang aran olo
aweh piguno utowo pituno iku biso soko
sapirang pirang lantaran kang dadi sarono
awit soko mbebasno sato marang panguripan
menehi pituduh marang kang nandang bebingung
nganti paring pepanganan marang sapodo podo
Amargo wewatekaning jagad iki tansah wales winalesmulo sopo olo ciloko
sopo becik begjo
sopo luput petheng
sopo bener padhang
sing kabeh mau angubengi panguripaning urip
ono ing telung mongso
( sadurunge, saiki, sawuse )
Mangkene...Lelampahane urip ing mongso saiki
iku tinompo uwohe ing mongso sawuse
dene kang tinompo ing mongso saiki
iku uwohe mongso ing sadurunge
saiki lelakon becik, begjo ono ing sawuse
saiki begjo, lelakon becik ono ing sadurunge
saiki ciloko, lelakon olo ono ing sadurunge
saiki lelakon olo, ciloko dumunung ing mengkone
mangkono sateruse gilir gumanti ing karmane
nandur uwoh nandur uwoh nandur uwoh
dadi rupo pangadilaning jagad
Yoiku gelare kang aran tri mongso karmaangubengi uripe manungso
lelampahane lan pikolehe
tumibo gilir gumanti tinompo deweke
Akehe lelampahan becik ikumahanani akehe begjo kang tinemu
akehe lelampahan olo ugo
mahanani akehe ciloko kang tinompo
sing begjo lan ciloko mau ora bakalan sirno
nganti wus sirno bobote becik olo kang wus linakonan
Dene tinemune padhang ikudumunung ing lelampahan kang bener
tinemune petheng iku nalikane
kang linakonan arupo kaluputan
Begjo klawan ciloko iku dadi asile becik olopadhang klawan petheng
iku dadi tondoing bener klawan luput
Ono ing sajeroing tri mongso karmakabeh bobote kang linakonan
awit becik olo bener luput
hiyo tinompo ing karmane
nganti sirno ilang bobote
Ono kang rumongso wus lelakon becikngedohi olo ngati ati lan lelaku utomo
mung nyatane ciloko kang tinompo
pepetheng kang rinoso ing saben dino
kang koyo mangkono iku weruhono
ngertiyo yen uwoh iku manut tetandurane
yen mesti nompo asile kang wus linakonan
yen jagad iki tansah wales winales
kabegjan iku nuduhno marang kabecikan
dene ciloko iku nuduhno ing kaolowan
yen pepadhang iku nuduhno ing bener
yen pepetheng iku nuduhno ing luput
elingo marang aweh pituno lan piguno
awit sadengah bangsane sato
iku hiyo dumadi jalmo kang mowo jiwo
sing isih biso angrasakno leloro
dene pikolehé kang wus linakonan
hiyo manut sapiro bobote pituno lan pigunoe marang liyan
Dene ono kang rumangsane iku wus begjopadhang cetho kang rinoso
reribet bebingung pepetheng ciloko hiyo sirno
kang wus rahayu koyo mangkono iku
opo hiyo isih tandang lan lelakonan olo
opo hiyo luput kang dadi tingkah polae
Mulo yen saiki wus lelaku becik dalah benerlinakonan ing saben dinoe
nganti sak akeh akehe
padhang klawan begjo hiyo teko ing rino wengine
Endi bobote sing luwih abotsoko olo becik kang wus linakonan
yoiku sing luwih disek teko
moro tumibo tinompo tanpo sirno
nganti wus ilang bobote kang wus linakonan
Yen gelem nglakoni hiyo kudu gelem nompo pikoleheora gelem nompo ing pikolehe
iku wus nuduhno ing lupute
sing mahanani tambah petheng panase
geleme nompo ing pikolehe
iku wus nuduhno ing benere
sing mahanani tambahe adem lan padhange
Mongso sadurunge iku nuju ing mongso saikimongso saiki iku tumuju ing mongso sawuse
mongso sawuse dumadi ing mongso sadurunge
sing kabeh mau rinoso ing mongso saiki
mongso saiki hiyo dadi pikolehe biyen
hiyo dadi pikolehe lelempahan mbesok
Mongso saiki iku punjere kabeh mongsoora ono urip biso ngrasakno mongso biyen lan mbesoké
upomo ngrasakno biyene iku hiyo dumunung ono ing saiki
olehe ngrasakno lan nganggit mbesoké
hiyo dumunung rinoso ing wayah SAIKI
Dadi yen saiki pancen wus bener lan becikhiyo saiki adem lan padhang
hiyo saiki mangsane kabegjan
hiyo saiki mangsane karahayon
Yen isih ora koyo mangkono
ateges isih panas lan petheng
isih apes lan ciloko
amesti bener klawan becik hiyo isih adoh
Laku becik iku dudu sing migunani ing uripe dewehiyo dudu lelakon kang mowo pamrih
dudu sing kanggo awake dewe
dudu sing marai pepanasing urip
mung aweh piguno marang liyan
dene aweh piguno marang liyan
iku ateges marang uriping liyan
awit bangsane gegremetan nganti kaalusan
dene bobote iku manut marang sepiro pigunoe
lan sapiro ptunoe kang diwenehake
mangkono iku dadi sapiro begjo cilokoe
kang tinompo ing mongso SAIKI
Koyo sarupane ahli ing nujumiku ora amargo weruh olehe moco tondo
awit soko weton, blegere rupo, driji, tangan
amung awas ing karma kang isih sumimpen
ateges karma sing arep jumedhul moro teko
lan iku dudu takdir nasib sing wus katulis
kacatet bebarengan laire manungso
lelakon urip ing arcopodo
nanging lelakone dewe sing biso tinoto
biso dibenahi ing pikolehe kang tinompo
Ono mongso ono papankekarone mesti gegandhengan
dene begjo cilokone urip
iku ora manut ing papan panggonan
amargo sarupane papan
iku mung manut marang rupane urip
Papan kabegjan iku palenggahanewong wong kang podho begjo kabeh
ora ono wong begjo nglenggahi papan ciloko
mung wong wong kang podho ciloko bae
sing nglenggahi papaning ciloko
dadi papan iku gumantung manut marang sing ngenggoni
papan sawiji biso dadi papaning begjo lan ciloko
iku amargo becik olone urip sing manggoni
Kene lan kono dadi rupane kabeh papan
wong begjo iku panggah pikoleh becik
ono ing kono kene
dene wong ciloko hiyo panggah tompo olo
ono ing kene kono
Dudu amargo panggonanenanging amargo sing ngenggoni
dudu amargo mangsane
nanging amargo karmane
urip iku sing dadiake papan mangsane
dudu papan mongso kang dadiake uripe
Mung isih akeh urip sing keluhakeh urip sing manut katut
akeh sing gumantung ing papan mongso
hiyo papan mongso gaweane dewe
amargo isih ora nyadar
yen anane papan mongso
iku soko anane urip
yen rusake papan mongso
iku hiyo soko rusake urip
mung ono lan rusake iku bareng
Dadi urip olo agawe papan mongso cilokourip becik agawe papan mongso begjo
dudu sewalike
mulo mongso olo ciloko
ora biso ngenani urip kang begjo
papan mongso becik lan begjo
ora ngenani urip kang ciloko
Uripmu dudu uripkuMongsomu dudu mongsoku
Papanmu dudu papanku
Panguripanmu dudu panguripanku
Samongso sapapan mung ora saurip
Mulo sajatine ora samongso lan ora sapapan
Dene yen saurip iku mesti hiyo
Sakmongso ugo sakpapan
Gaweyo mongso gaweyo papan
dunungo marang uripmarang panguripanlan anggelar mongso papane....
Begjo klawan cilokoora soko papan lan mongso
nanging begjo ciloko
biso ono ing endi endi papan lan mongso.
Rahayu , Sagung Dumadhi